13 Juni 2022

SYI'IR PARAS NABI

1

Syi’ir dalam bahasa Indonesia adalah syair, yaitu karya sastra lama yang berisi cerita, memiliki kriteria tertentu, dan biasanya dinyanyikan. Dalam khazanah kesusastraan Indonesia,  perkembangan syair mendapat pengaruh dari Timur Tengah seiring dengan masuknya Islam ke Indonesia. 

Berpuluh tahun yang lalu, ketika saya akan meninggalkan kampung halaman untuk menuntut ilmu, Budhe saya memberikan “salinan” naskah Syi’ir Paras Nabi untuk saya bawa. Karena syi'ir tersebut penuh kenangan. Kami sering melantunkannya berdua, sejak saya masih remaja. Bahkan, saat kecil pun saya telah mendengarnya dari Budhe di sela-sela aktivitas. 

Naskah Syi’ir Paras Nabi terdiri atas 12 halaman. Secara khusus kisah dalam naskah syi'ir terdapat di halaman 2-10, di antaranya berkisah tentang kelahiran Nabi, Nabi menerima wahyu dari Malaikat Jibril, dan kisah Nabi bercukur.  Halaman pertama adalah halaman sampul/judul, halaman 11 berisi Asmaul Husna namun tidak lengkap 99 nama Allah, sedangkan halaman 12 berisi kalimat taukhid dan doa. Ada keterangan lokasi dalam naskah ini, yaitu Surabaya, Indonesia. Semua tulisan berupa huruf Arab pegon berkharakat. Disebut juga huruf  Arab Melayu karena bertulisan huruf Arab tetapi berbunyi Jawa atau Melayu.

Transkrip naskah dalam huruf latin tiap-tiap halamannya sebagai berikut:

 [1]

Halaman Judul:

Syi’ir Paras Nabi

 [2]

/Bismillahirohmanirrohim/

2

/Abtadiu miwiti ingsun/ /Muji ing Allah kalawan nuwun/

/Ikilah syi’ir ing kanjeng gusti/ /Mula den syi’ir parase Nabi/

/Mula den pikir sarta den titi/ /Bisaha terang kaya kang ngerti/

/Nabi Muhammad ingkang sinelir/ /Arep den tutur ana ing syi’ir/

/Putra jalere kiyahi Abdullah/ /Pinutra’aken ana ing Mekah/

/Durunge dhohir Jeng Rosulullah/ /Den tilar seda Raden Abdullah/

/Nalika seda Raden Abdullah / /Iku benere ana Abwa’/

/Den sare’aken ana Madinah/ /Kari rerandhan Dewi Aminah/

/Sarta angandhut Jeng Rosulullah/ /Tur masi’ tetep ana ing Makah/

/Sawuse dhohir menyang Ngunainah/ /Den aturaken Dewi Aminah/

/Den ajak lunga maring Madinah/ /Ibune seda ana Abwa’/

/Sanding kang raka Raden Abdullah / /Den sare’aken ana Madinah/

/Nabi Muhammad balik nyang Mekah/ /Malasan garwa Dewi Khadijah/

/Sawuse dadi Nabi utusan/ /Lan kaparingan Kitab Qur’an/

 [3]

3
/Sarta baline seket syariat/ /Para sakhabat padha mufakat/

Abubakar Umar Usman lan Ali/ /Padha percaya syariat Nabi/

/Tatkala paras Nabi sinelir/ /Iku den tutur ana ing syi’ir/

/Wong mukmin sawiji mura sahabat/ /Ing Abubakar kebat anjawab/

/Ya Abubakar ratu mukmin/ /Ing dhawuh Tuwan kula kepingin/

/Kalane paras Jeng Rosulullah/ /Dinane sasi niku punapa/

/Du’a mewa kulu’ kang pundi/ /Den paringaken Jeng Gusti/

/Ya Abubakar ratu ngandika/ /Ing wong mukmin kang padha teka/

/Tatkala paras Nabi Muhammad/ /Bakdane kundur king Perang Uhud/

/Ing dina Isnen wus ana Mekah/ /Iku kundure saking Madinah/

/Jeng gusti darus qur’an sak saat/ /Mangka ketekan ing malaikat/

/Jibrail bekta kalimat ayat/ /Den paringaken Nabi Muhammad/

/Puniki warni ayat Qur’an/ /Den paringaken kekasih Tuwan/

/Mukhaliqin ru’usakum/ /Wamuqosirina latakhofun/

/Meneng Jeng Nabi amung sak saat/ /Dhedhawuhna ing malaikat/

/Kala Jeng Pangeran paring rahmad/ /Kalangkung syukur rawuhe nikmat/

/Ya Jibrail kebat amatur/ /Mengke Jeng Nabi kinon acukur/

 [4]

4
/Nabi Muhammad Tuwan acukur/ /Dhawuh Jeng Nabi kula acukur/

/Yen kula cukur kersane Allah/ /Ya Jibrail matur ing Allah/

/Nabi Muhammad kasihe Allah/ /Jibrail maras Jeng Rosulallah/

/Nabi ngandika ing malaikat/ /Sampeyan nuwun ingkang lumampah/

/Kulu’ kula niku kang pundi/ /Rihane Tuwan kinuwun marasi/

/Ya Jibrail matur ing Allah/ /Nuwun kuluk Jeng Rosulullah/

/Ya ilahi anta Pangeran / /Pundi kulu’ kasihe Tuwan/

/Nabi Muhammad ingkang sinelir/ /Dhawuh pangeran ing Jibrail/

/Kebat lungaha nyang suwarga/ /Sira methika godhong kastuba/

/Ingkang sak lembar gawe kuluki//Kasih ingsun maring parase/

/Nuli Jibrail menyang suwarga/ /Methik godhonge kayu kastuba/

 /Amung sak lembar lir sutera hijo/ /Den kulu’na iku anganggo/

/Den aturaken Nabi wekasan/ /Kasihe Allah kinon kulu’an/

/Ya Jibrail maras Jeng Nabi/ /Sangalas Romadhan tanggale sasi/

/Sakhabat papat marek ningali/ /Tatkala maras rima Jeng Nabi/

/Rima sak lembar dhak runtuh bumi/ /Sujine rima ana ing bumi/

/Nuli ngandika Nabi Muhammad/ /Takon hikmahe ing malaikat/

 [5]

/Merga dhak runtuh ana ing bumi/ /Jibrail matur ing Kanjeng Gusti/

/Kathahe rambut tuwan meninga/ /Niku sak kethi lan telung laksa/

/Lan telung ewu lan telung atus/ /Lan telung puluh telu den urus/

/Pertama Pangeran ing widadari/ /Ing suwarga aja ana kari/

/He widadari padha mudhuna/ /Menyang ing Mekah padha nontona/

/Olehe paras Nabi Muhammad/ /Ingkang marasi ya malaikat/

/Sira merika jaluk rambute/ /Sak lembar iwuh ya akeh tsawabe/

/Sira talekna ing lengen ira/ /Sakeh dosamu ingsun sepura/

/Sing sapa simpen ing caritane/ /Ingsun sepura sakeh dosane/

/Ikilah paras Kanjeng Gusti/ /Ngerawatana bakal yen mati/

/Tetkala ngalap ing malaikat/ /Ngambil nyawane besok sekarat/

/Lan luput siksa ana ing kubur/ /Sabab dosane iku wis lebur/

/Mungkar wa nakir endhak nakoni/ /Sabab wus oleh syafa’at Nabi/

/Lan sun paring kamulyan dunya/ /Terus akhirat iku suwarga/

/Sebarang gawe nyang gelis dadi/ /Lawase urip dhak kurang rezki/

/Yen dhak gelem simpen ing ceritane/ /Olehe paras hadits Nabi/

/Sasat asengit ing awak ingsun/ /Dhak dhemen ing kasih ingsun/

[6]

/Sing sapa mahido kafir matine/ /Sabab uripe mamang atine/

/Audzubillah  ngelindhung ing Allah/ /Ja kasi kufur sira ing Allah/

/Lan muga-muga Allah nulungi/ /Ing wong kang nulis cerita iki/

/Lanang lan wadon kang gelem maca/ /Syafa’at Nabi den paringana/

/Khatame syi’ir ing dina Sabtu/ /Nyerambahna ing anak putu/

/Tanggal ping wolu ing wulan Syafar/ /Syafa’at Nabi sayyidilbashar/

/Pukul pitu pasaran wage/ /Bisaha metu nyang age age/

/Hijrah sewu telung atuse/ /Lan sangalas iku punjule/

/Saking sejane iki den tata/ /Dadi wong maca supaya katata/

/Sabab dhak kathi’ lafad makna/ /Dadi wong maca iku dhak tuna/

/Mulane iki tak syi’iraken/ /Amrih yen maca iku dhak kaken/

/Supaya rahab bocah ginahun/ /Sabab macane kathi’ ing lagon/

/Dadi pas karep olehe maca/ /Samangsa karep nyang gelis bisa/

/Salah benere wallahu a’lam/ /Paras den syi’ir nular ing jawan/

/Saking bodhone dhak bisa ngaji/ /Wani anyi’ir parase Nabi/

/Pira salahe nuwun sepura/ /Maring pangeran kang maha mulya/

/Saking sejane iku den tata/ /Tibane jawan ingkang den waca/

 [7]

/Sak bisa-bisa aja den wada/ /Luwih kurange den wuwuhana/

/Sawuse tutug syi’ir den paras/ /Ingsun nambahi si’iir syafa’at/

/Liyane syi’ir du’a Jeng Nabi/ /Den amalaken rina lan wengi/

/Kalane lungguh Jeng Rasulullah/ /Ana jerone masjid Madinah/

/Dhawuhna do’a  ana ing syarah/ /Andhawuhaken ingkang fadhiilah/

/Ya Jibrail ngaturi salam/ /Nabi Muhammad mangsuli salam/

/Nabi mahammad muga katura/ /Kathah tsawabe punika do’a/

/Lanang lan wadon padha macaha/ /Ing do’a iki ing saben dina/

/Utawa sawulan maca sapisan/ /Utawa rong wulan maca sapisan/

/Utawa satahun maca sapisan/ /Lan sak umure maca sapisan/

/Aja tan ora sira macaha/ /Senajan sepisan angger bisa/

/Yen dhak bisa maca do’a tulisan/ /Mangka simpena iki tulisan/

/Maka ngereksa Allah ta’aala/ /Malah ngebeki lawang a’la/

/Widadari dadi cadhangan/ /Sartane padha anampa talam/

/Ingkang den tampa talam kencana/ /Isi panganan saking suwarga/

/Den cadhagaken ing wong kang maca/ /Do’a Jeng Nabi kang katerima/

/Allah ta’alaa nekani karep/ /Yen maca iku ingkang seregep/

 [8]

/Lan akeh-akeh iku tsawabe/ /Lamun den waca iku do’ane/

/Dhak kurang rezki kang selawase/ /Lan ora miskin kang selawase/

/Den padhangaken iku atine/ /Sartane padhang ing kuburane/

/Den panjingaken ing suwarga/ /Kala sekarat iku dhak lara/

/Lan selamet ing pancabaya/ /Jin lan setan dhak niya-niya/

/Mungkar wa nakir dhak nanakoni/ /Dina kiyamat dhak mlebu geni/

/Allah ta’ala anyugihaken/ /Ikilah do’a den amalaken/

/Sertane luput sakehe belahi/ /Besuk kiyamat luput belahi /

/Allah ta’alaa ambagusna/ /Wong kang seregep angapadna/

/Sing sapa mamang pesthine kufur/ /Dhawuhe Nabi dhak kena nyingkur/

/Kabehe tsawab dhak nulisi/ /Banyu segara den gawe mangsi/

/Sakehe kayon den gawe kalam/ /Sakehe godhong den gawe papan/

/Yekti dhak cukup iku den tulis/ /Sakehe ganjaran dhak bisa milis/

/Lamun wus hafad ing do’a iki/ /Sakehe setan iku dhak wani/

/Lan lamun ana saterune metu/ /Maka wacanen malih ping pitu/

/Dadi saterumu iku dhak wani/ /Allah ta’alaa kang ngudaneni/

/Gusti Hasan ngandika’aken/ /Lan Sayyid Ali wus ngafadaken/

 [9]

/Allah ngandika aja kon lali/ /Simpen parase ing kanjeng Nabi/

/Kelawan darus kang wali-wali/ /Weruhna dosa maring awwali/

/Supaya weruh maring kang Ghoniy/ /Maring si dosa dadi dhak wani/

/Sakehe wong mukmin padha mufakat/ /Nyuwun syafa’at Nabi Muhammad/

/ Allah ngendika ingsun ngasihi/ /Wong kang ngupaya carita iki/

/Yen wong munafik aja tuturi/ /Sabab agamane adhak ngerti/

/Sing sapa simpen ing caritane/ /Mangka selamet ing sak balane/

/Mangka sun paring rahmat sak laksa/ /Saben wengi lawan den reksa/

/Sing dhak gelem simpen ing caritane/ /Ingsun kurangi ing sak isine/

/Lan sun kurangi sandhang pangane/ /Sakeh perabot jero omahe/

/Yen wong kang dhemen cerita Rasul/ /Olehe paras ing kanjeng Rasul/

/Jin lan syetan iku dhak wani/ /Tur dadi syahid besok matine/

/Lan yen lara gelis nyang waras/ /Oleh berkate Nabi peparas/

/Den gawe jimat tatkala lunga/ / Pasti selamet ing kala lunga/

/Lawan selamet maring kesasar/ /Miwah selamet sakehe begal/

/Sato galak dharat dhak wani buru/ /Lan sato galak jerone banyu/

/Malaikat sewu ingkang ngereksa/ /Wong kang ngupaya iku carita/

 [10]

/Kekasih ingsun Nabi Muhammad/ /Olehe paras dadi syafa’at/

/Lan teguh timbul kalane perang/ / Lamun ing .. ikilah layang

/Lamun ta ana wong kena wesi/ /Kelakuhan tulisan iki/

/Lan banyu adhem tur ingkang tawa/ /Den inumaken maring kang lara/

/Insya Allah nyang gelis waras/ /Oleh berkate Nabi peparas/

/Lan lamun sira saba nyang guru/ /Aja lali paras jeng ratu/

/Dadi selamet dhak kena bendu/ /Sarta welas maring ragamu/

/Poma dipoma nyang ngupayaha/ /Paras jeng Nabi kang denngupaya/

/Yen dhak duwe nyiliha sira/ /Angupayaha ing kanca sira/

/Lamun wong mukmin ngupaya cerita/ /Amerih nyimpeni iki carita/

/Maka sun paring ing wong kang bisa/ /Ana akhirat idhak densiksa/

/Sing gelem maca ing donga iki/ /Den-gawe sangu besuk yen mati/

/Iki wus khatam donga densyarah/ /Atas dhawuhe jeng Rasulullah/

/Akehe doa’ mung wolu likur/ /Ing buri iki do’a dentutur/

 [11]

/Bismillahirrahmanirrahiim /

/Allahu Allahul azizul hakiimu/ /Allahu Allahul malikul qudduusu/

/Allahu Allahul ghafuurul waduudu/ /Allahu Allahussyakuurul khaliimu/

/Allahu Allahu Allahushomadu/ /Allahu Allahul khamiidul khabiiru/

/Allahu Allahussayyiduljabbaaru/ /Allahu Allahul malikul khabiiru/

/Allahu Allahul waahidualqohhaaru/ /Allahu Allahul azdhiimul qudduusu/

/Allahu Allahul kabiirul akbaru/ /Allahu Allahul qaadirul wahhaabu/

/Allahu Allahul khaaliqulmubiinu/ /Allahu Allahul aliyyul muta’alu/

/Allahu Allahuddhaahirulbaathinu/ /Allahu Allahul awwalul’aakhiru/

 /Allahu Allahulbaari’ulmushowwiru/ /Allahu Allahulmalikulqudduusurraufu/

/Allahu Allahulmukminulmuhaiminu/ /Allahu Allahurraufurrahiimu/

/Allahu Allahulbaa’itsulwaaritsu/ /Allahu Allahuddayyaanu/

/Allahu Allahu Allahulkhallaaqu/ /Allahu Allahu Allahulhakiimu/

/Allahu Allahu Allahussyahiidu/ /Allahu Allahulqaabidhulkariimu/

/Allahu Allahulqawiyyulmuniiru/ /Allahu Allahu Muhammadun Rasulullah/

 [12]

/Laa ilaaha illallahu Muhammadun Rasulullahi shallallahu ‘alaihi wasallama/

/Wa ‘ala aalihi wa ashhaahbihi azma’iin/

/Subhana robbika robbil izzati ammaa yasifuun/

/wasalamun alalmursalin/

/ Walhamdulillahi robbil aalamiin/

/Aamiin/

***


Tidak ada komentar:

Posting Komentar